Home » » Simbah Perlu Suaabar

Simbah Perlu Suaabar


Putu : “Gek ngopo sampean mbah? “
Simbah : “ Nggolek godhong gedhang le..”

Putu : “ godhong gedhang gawe opo mbah ?"
Simbah : “gawe bungkus lontong”
Putu : “lontong gawe opo mbah”
Simbah : “ mengko dipangan karo opor”
Putu : “oooo sik mengko.. lha saiki ngopo mbah?
Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”
Putu : “gawe opo mbah? “
Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan mau wis tak kandani leee!?!?!”
Putu : “Lontong digawe opo mbah?”
Simbah : “dipangan karo opor leee, mosok digawe ganjel lawang??“
Putu : “Oh ngono yo mbah”
Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”
Putu : “kenopo mbah? “
Simbah : “kan aku akeh gawean saiki…!!!”
Putu : “gawean opo mbah…?”
Simbah : “ Maasyaa Allaaah....nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!”
Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “digawe lontoooong, ra krungu tho kowe?????!! “
Putu : “Simbah ngomong karo sopo…? “
Simbah :“ Astaghfirullah....karo kowee...tholeee....!!!
Putu : “lha nek karo aku, kenopo simbah bengak bengok? Aku kan nang kene wae”
Simbah : “mripatmu merem tho... !!! Soale kowe bodho… ora ndelok tho aku lagi akeh gawean????!!!! “
Putu : “gawean opo mbah….? “
Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang leee...!! “
Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “ lambemu ambrol...… digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!! “
Putu : “Kan nang omah ono sego?, kenopo simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”
Simbah : “putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh, nek perlu ora usah mbalek sak lawase!!!!!, engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”
Putu : “kenopo koq bludreg mbah? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg kuwi opo sih mbah? Iso digawe bungkus lontong tho…?“
simbah : “ya ampuun. ... le.. lee...!! Kok guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir!!!!“
Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “
Simbah : “iyo Simbah stress..!.
Jika Anda menyukai Artikel di blog ini, Silahkan masukkan email Anda di tempat yang disediakan untuk berlangganan gratis via email, dengan begitu Anda akan mendapat kiriman artikel setiap ada artikel yang terbit di Blog Pribadi Abiza el Rinaldi

0 komentar :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Blog Pribadi Abiza el Rinaldi - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Blogger